Sabtu, 16 November 2013

Geguritan ingkang ginurit.... ^w^


Ini hasil olah cipta, rasa, dan karsa diri saya. Mungkin rekan Sableng ada yang membutuhkan...
Dozou...

Kopi Anget

dening Muhammad Rizki Herasmaya

Kopi anget ing cangkir,
Dadi kanca lungguhku esuk iki,
Ing teras omah joglo padusunan.
Katon alam padesan kang asri,
Nanging wis kambon asil pembangunan.
Dalan cor-coran sinamben wit-witan,
Kang nambah idum kahanan.

Kopi anget ing cangkir,
Dadi kancaku nyekseni,
Para kadang tani,
Pada mangkat menyang sabin,
Tanpa krasa hawa adhem kang nyeset kulit ari.

Kopi anget ing cangkir,
Dakombe kekancanan sunare lampu neon,
Kanggo pepadhang suasana esuk Jum’at Pon
Sansaya krasa kepenak ngrasakake,
Hawa padesan kang asli,
Tanpa polusi.

Kopi anget ing cangkir,
Tambah krasa sedhep karo gurihe,
Pohung godhog,
Asile kebon mburi omah.
Sansaya dipamah,
Sansaya nambah renaning manah

Kopi anget ing cangkir,
Dadi tamba adhem,
Sinambi maca Koran,
Katon berita werna-werni,
Asil olahing pembangunan.

Kopi anget ing cangkir,
Dadi kancaku nglaras,
Laras olah kothek lesung,
Wujuding budhaya adiluhung,

Kopi anget ing cangkir,
Wujud tentreming ati,
 Wruh kotheking wong nutu,
Senajan katon abot,
Ning ora kaya ana,
Rasane krasa rekasa.

Kopi anget ing cangkir,
Biasane dadi batur sarapan,
Sadurunge budhal golek kadonyan,
Uga dadi batur pasrawungan,
Ing sajroning bebrayan.

Kopi anget ing cangkir,
Rasane sedhep iya murah,
Mblegedhu nganti kesrakat uga bisa gadhah,
Tuku neng warung ya mung njangkah.

Kopi anget ing cangkir,
Sangu sadurunge upacara,
Upacara pengetan dina ambal warsa,
Kabupaten kita sedaya,
Kaping sangangdasa enem yuswanira,

Kopi anget ing cangkir,
Ora bisa ilang,
Kentir milining jaman,
Kaya jayane Kabupaten Karanganyar.

Kopi anget ing cangkir,
Tansah cumanthel,
Rumaket ing ati,
Ewadene jaman bisa ganti,
Nanging rasane kopi ya mung siji,
Ya kaya Karanganyar iki.


Sankyu~~
Semoga bermanfaat....

1 komentar: